Dene urut-urutane nulis karangan deskriptif antarane:
1. nemtokake topik
2. gawe cengkorongan
3. nulis karangan
Dadi, kang sepisane ditindakake kanggo nulis karangan deskriptif yaiku nemtoake topik.
Menulis karangan deskriptif iku ora mung sekadar nyritakake barang, panggonan, utawa wong kanthi cara biasa.
Karangan deskriptif iku nduweni tujuan kanggo nggambarake sawijining perkara kanthi temenan, supaya sing maca bisa mbayangake kaya apa rupa utawa suasanane.
Supaya bisa nulis karangan deskriptif sing apik lan trep, kudu ana langkah-langkah tartamtu sing kudu ditindakake. Ing ngisor iki urut-urutane:
1. Nemtokake Topik
Kang sepisanan lan paling dhasar sing kudu ditindakake yaiku nemtokake topik. Topik iku dadi pondhasar utawa dhasar utama kang arep ditulis.
Tanpa topik, penulis ora bakal nduweni arah utawa tujuan arep nggambarake apa. Topik bisa wae ngenani barang, kayata sepeda tua, omah nenek, utawa meja tulis.
Bisa uga ngenani wong, kaya gurumu, kanca akrabmu, utawa seniman favoritmu. Uga bisa ngenani panggonan, kayata pasar tradisional, kebon kembang, utawa alas pinus.
Nalika nemtokake topik, penulis kudu mikir apa topik kasebut nduweni potensi kanggo digambarake kanthi rinci.
Topik sing cetha lan menarik bakal nggawe proses nulis luwih gampang lan nyenengake. Contone, yen milih topik “pasar tradisional”, penulis bisa nyritakake swarane, bau khas pasar, warna-warna sayuran, nganti interaksi antar pedagang lan pembeli.
2. Gawe Cengkorongan
Sawise topik wis ditemtokake, langkah sabanjure yaiku gawe cengkorongan. Cengkorongan iki bisa diarani kerangka karangan utawa rancangan kasar saka apa wae sing arep ditulis.
Fungsine supaya tulisan luwih teratur lan ora mlumpat-mlumpat. Cengkorongan bisa mbantu penulis milah bagian-bagian penting sing kudu dicekak lan dijlentrehke.
Ing gawe cengkorongan, penulis bisa nggawe daftar isi utawa poin-poin penting sing arep dijlentrehke. Tuladha cengkorongan kanggo topik “pasar tradisional” yaiku:
- Paragraf pambuka: ngenalake pasar tradisional lan letake
- Paragraf isi: nyritakake suasana pasar (suwarane, baune, rame-ne)
- Paragraf isi: nyritakake pedagang lan pembeli, rupa dagangane, interaksine
- Paragraf panutup: kesan pribadi penulis marang pasar tradisional
Cengkorongan iku ora kudu rinci banget, sing penting bisa dadi pituduh penulis supaya tulisan ora kesasar.
3. Nulis Karangan
Yen cengkorongan wis siap, wayahe nulis karangan kanthi lengkap. Ing tahap iki, penulis kudu nggunakake basa kang deskriptif lan rinci supaya sing maca bisa ngrasakake lan mbayangake apa sing dijelasake.
Gunakake tembung-tembung kang menggugah indra, kaya: “wangi semerbak kembang melati”, “suwarane pedagang njerit-jerit nawakke dagangane”, utawa “rasa panas srengenge nyandhet ing kulit”.
Paragraf pambuka kudu narik kawigaten pembaca. Paragraf isi kudu nuduhake gambaran nyata saka topik sing dipilih.
Paragraf panutup kudu nguatake kesan utawa ringkesan saka kabeh sing wis diceritakake. Penting banget supaya saben paragraf sambung sinambung, ora kaya potongan-potongan sing kapisah.
Yen perlu, nulis karangan bisa dilakoni kaping pindho. Sing pisan nulis draf kasar dhisik, banjur dirembug utawa direvisi. Bar kuwi nulis maneh kanthi basa sing luwih alus lan struktur sing luwih runtut.









